Aja
Ngece
Dening : Restia
Maharani
“Kula
dateng mriki badhe nglamar Lastri dados garwa kula, Pak Timan.”
“Nglamar?
Bocah lagi lulus kuliah kaya kowe kok arep nglamar anakku sing calon dhokter?
Raimu apa isih keri ing omah ta, Le?”
“Ngertia
ya, Lastri iki anak unting-untingku. Dak sekolahke dhuwur, dak gulawentah ben
dadi wong apik, ben entuk bojo nggenah. Lha kok arep di rabi karo bocah durung
cekel gaweyan kaya kowe. Bah tresnamu karo Lastri ora kena di pisah, ora bakal
tak restui. Apa Lastri arep mbok wenehi mangan dalil saben dina?”
Aku mung meneng cep nalika di dawuhi Pak Timan
nalika kuwi. Eh, duduk di dawuhi ding, luwih tepak yen diece. Pancen, nalika
semana aku pancen mentas lulus kuliah lan sesambunganku karo Lastri wis mlaku
patang taun ket padha-padha dadi mahasiswa baru. Aku lan Lastri sak angkatan pas SMA. Lulus,
padha-padha kuliah ing Jember. Lastri Palipuring Tyas sing bocahe pinter, ayu,
tur anake wong sugih ketrima ing jurusan Pendidhikan Dhokter Universitas
Jember. Dene aku ketrima ing jurusan Pendidhikan Agama Islam IAIN Jember.
Sakjane aku ora kepengin kuliah jurusan agama. Wong utekku ya padha pintere
karo Lastri. Aku biyen pengen banget kuliah ing jurusan Teknik Sipil. Nanging, swargi
ibuku kepengin nduwe anak sing bisa dadi guru agama. Sapa maneh sing bisa
mujudake kepenginane Ibu sakliyane aku? Wong aku ya anak ontang-anting. Karo
maneh Bapakku ya mung buruh tani sing asile ora mesthi. Aku kuliah iki wae
entuk Bidikmisi. Dadi ya isih syukur banget dene bisa kuliah masiya dudu iki
kepenginanku.
Bubar lulus, aku pancen rencana arep nglamar Lastri.
Karepku ben kedua belah pihak padha ngertine. Bar kuwi dak nyambut gawe disik
nglumpukke dhuwit kanggo urip bebarengan. Ket semester lima biyen, aku wis
dipercaya dadi guru agama Islam ing salah siji Madrasah Ibtidaiyah ing desaku.
Masi mung setithik, honorku dak gawe mbantu bapak ben ora rekasa olehe nyambut
gawe. Ing wayah sore aku ya isih nyempetake ngajar ngaji ing mushola cedhak
omahku. Masi ora ana bayarane, saben wulan diwenehi beras sepuluh kilo gawe
tanda terima kasih. Kepriye wae kahananku saiki terus dak syukuri. Kabeh iki
wis ginaris dening Gusti Ingkang Maha Asih. Ora kira hambane bakal urip
kesakrat pokok gelem obah lan syukur.
Wacanaku kabeh bubrah sakwise ditolak dening Pak
Timan, bapake Lastri. Aku ya trima ikhlas wae. Apamaneh krungu yen Lastri arep
dipacangake karo salah siji kanca dhoktere. Aku kudhu ikhlas. Wewayangan endhah
bareng Lastri dek biyen kae wis dak anggep mari. Ora enek meneh sing perlu
dibaleni, apamaneh digetuni. Yen ngene iki, mlayuku ya ning mushola cedhak
omah. Mari wudhu, gek ndang shalat rong rakaat. Ndunga lan nyuntak kabeh eluh
sing dak empet ket mau. Nyuntak kabeh rasa getun, pegel, sedhih. Sak ora-orane,
aku isih nduwe cagake urip, Gusti Ingkang Maha Welas Asih sing ora tau sare,
mesthi bakal mirengake hamba-Ne.
Sakwise shalat,
aku enggal mulih krana mau wis dipamiti bapak sing arep rewang ning tangga
ngarepan, lan aku dipasrahi tunggu omah. Mari entuk tamparan batin arupa
ditulak calon maratuwa, aku leyeh-leyeh ing kamar karo ngrungokake lagu Hip Hop
Jawa kesenenganku :
Aja ngece karo wong ora nduwe
Raja brana yen mati ora digawa
Bebasan urip mung mampir ngombe
Ngunu kuwi jare pinisepuh kae
Lagu
kuwi sakliyane musike penak, isi lagune ya cocok karo kahananku saiki. Wis wong
cilik ora nduwe bandha, isih diece pisan. Lagi limang menit anggenku leyeh-leyeh,
aku ngragap tangi kelingan aku durung fotocopy
soal sing kangge wulangan bocah-bocah sesuk. Enggal wae aku budhal menyang fotocopy-an sing panggene 500 meter saka
omah. Timbangane kesuwen, aku milih mancal pit onthel tinggalane simbah najan
panggone cedhak.
Tekan kana, tepak lagi sepi. Mung
ana wong siji sing sajake lagi fotokopi pisan. Aku banjur lungguh cedake wong
kuwi sinambi ngenteni antrian. Karo meneng, dak gatekke wong sandhingku kuwi.
Wong lanang kuwi awake gedhe dhuwur, kulitane kuning resik, gawe clana jins
sadengkul lan gawe hem werna abang sing sajake bermerek, sepatuan kulit werna
coklat, lan lagi serius ngetungi kertas fotokopian. Saka penampilane ketara yen
iki wong sugih sing sajake ya berpendidhikan. Lagi enak-enak nguwasi, mara
kertas sing dicekel ceblok ana ngisor kursiku. Langsung dak jupukke lan dak
wenehne wong kuwi.
“Niki,
pak. Kertasipun dawah.” Aku ngelungne kertas kuwi marang si bapak.
“Oh,
iya dhik. Terima kasih. Maaf saya gak bisa bahasa Jawa. Saya asli Jakarta, lagi
kerja disini.” Kandhane bapak kuwi sinambi nampa kertas.
Akhire si bapak sing jenenge Pak
Budi kuwi crita yen dheweke lagi butuh tenaga pemasaran ing kantore. Pituduhku
ora salah. Wong iki tibane salah siji bos distributor obat. Pak Budi malah ya
nawani aku menawa aku gelem kerja karo dheweke. Aku isih durung ngomong iya apa
ora. Perkara iki isih kudu dak rembug karo bapak. Amarga menawa aku ketrima,
kerjaku mengko mesti ana Kutha Jember, mulihe paling mung dina Sabtu lan
Minggu. Lan aku iya krungu saka kancaku yen penggaweyan ngene iki suwi olehe
mundhak bayaran.
Bakdha maghrib, aku ngajak bapak
rembugan. Aku ngira yen bapak ora ngidini kanthi alasan a, b, c. Nanging, bapak
malah ngedika suwalike.
“Kowe
wis gedhe Le. Bapak ora bakal nggandoli kowe umpama arep kerja apa wae. Masa
depanmu lak iya kowe ta sing nemtokake. Sing penting halal lan aja lali
sholate.” Mung kuwi ngendikane bapak. Ajaran agama isih mesti dadi prinsipku.
Milih ngene iki aku ya ngandelake sholat istikharah. Aku percaya apa wae sing
ginaris dening Sing Kuwasa mesti apike.
Aku mantep arep melu kerja dadi
tenaga pemasaran. Masiya aku sarjana Pendidhikan Agama Islam, Alhamdulillah aku
bisa ketrima. Pancen kerja bagian iki ora mandang teka lulusan apa wae, sing
penting jujur, ulet, lan bisa dijak kerjasama. Aku sida kerja kanthi bagian
pemasaran obat ing apotik. Ngeterake obat ing siji apotik ing apotik liyane.
Isih durung laporan pemasaran ya kudu genah ora oleh mengsle najan sakithik.
Kadang yen kudu ngeterake barang ing njaba kutha isa nganti lembur barang.
Durung yen pas kerja tim ana kanca sing rada angel kerjane ya sida kena duka
atasan. Kabeh dak syukuri lan ora lali anggenku ndunga saben mari shalat.
Sunnah-sunnah kaya pasa senin-kamis, shalat dhuha lan shalat tahajjud ora tau
keri. Kuwi kabeh wis dak lakoni ket jaman sekolah nganti saiki. Aku meksa ndudhuk
alias pulang pergi amarga mesakake yen bapak kudu dak tinggal dhewekan. Sakjane
awakku ya legrek yen kudu ben dina mulih. Nanging aku ya trima lan ikhlas yen
iki sing paling apik kanggoku. Gaji rong yuta sing dak trima saben sasi mung
tak ngge tuku mangan lan pulsa. Liyane kuwi dak paringne bapak ben bapak ora
perlu kerja. Sakjane bapak ya ora gelem yen nampa dhuwit saka aku. Nanging,
saiki baktiku marang wong tuwa ya mung kangge bapak.
Rong taun anggenku kerja ing
perusahaan iki bola-bali ngadepi pasang suruting urip. Kadhang aku ya
lancar-lancar wae. Nanging tau ana kadadeyan sing nggarakne aku meh di pecat
saka kene. Jalarane aku dituduh mlayokake dhuwit perusahaan cacahe 200 yuta.
Aku ing kene pancen dadi karyawan kesayangan Bos Budi. Sering entuk ceperan lan
kerjoan liyane. Lha ya iki sing nggarai iri kancaku. Sampek dheweke tega gawe
fitnah menawa aku pelakune. Nanging kabeh kuwi bisa dak marekake kanthi tuntas.
Rumangsa bisa bisnis, aku resign saka perusahaan lan nyoba bisnis
cilik-cilikan dadi tukang bakso. Pancen ora gampang anggoku usaha iki. Aku
terus bangkit yen tibane aku bangkrut. Buktine, saiki aku wes nduwe cabang 8
sing kasebar ing Jember, Lumajang, lan Banyuwangi. Alhamdulillah aku ya wis
bisa haji bareng bapak. Kabeh iki ora liya ya saka Gusti Ingkang Maha Asih.
Masiya wis sukses, aku ora takabur. Isih nglakokake sunnah kaya biyen pas isih
susah.
Aja ngece karo wong ora nduwe
Raja brana yen mati ora digawa
Bebasan urip mung mampir ngombe
Ngunu kuwi jare pinisepuh kae
Lagu
kuwi isih dadi karemanku nganti saiki. Apamaneh mesti disetel dening
bocah-bocah karyawanku, sing sajake ya nduwe pangrasa pada karo aku.
“Iki
mas, kopine mbok ya ndang diunjuk, selak adhem.” Dhokter Lastri Palipuring Tyas
manggakake kopi marang garwane sing lagi nostalgia masa lalu.
Komentar
Posting Komentar