Aja Ngece Dening : Restia Maharani “Kula dateng mriki badhe nglamar Lastri dados garwa kula, Pak Timan.” “Nglamar? Bocah lagi lulus kuliah kaya kowe kok arep nglamar anakku sing calon dhokter? Raimu apa isih keri ing omah ta, Le?” “Ngertia ya, Lastri iki anak unting-untingku. Dak sekolahke dhuwur, dak gulawentah ben dadi wong apik, ben entuk bojo nggenah. Lha kok arep di rabi karo bocah durung cekel gaweyan kaya kowe. Bah tresnamu karo Lastri ora kena di pisah, ora bakal tak restui. Apa Lastri arep mbok wenehi mangan dalil saben dina?” Aku mung meneng cep nalika di dawuhi Pak Timan nalika kuwi. Eh, duduk di dawuhi ding, luwih tepak yen diece. Pancen, nalika semana aku pancen mentas lulus kuliah lan sesambunganku karo Lastri wis mlaku patang taun ket padha-padha dadi mahasiswa baru. Aku lan Lastri sak angkatan pas SMA. Lulus, padha-padha kuliah ing Jember. Lastri Palipuring Tyas sing bocahe pinter, ayu, tur anake wong sugih ketrima ing jurusan Pendidhikan Dhokter Unive